Serat Babad Giyanti ugi dipunwastani Babad Palihan Nagari punika salah satunggaling karya sastra sajarah Jawa ingkang énggal. Karya sastra punika anggitanipun Ki Yasadipura. Wosing karya sastra punika ngèngingi babagan sajarah pérangan tlatah Jawi wonten 13 Fèbruari 1755. Cariyosipun, sasampunipun karaton dipunpindhah wonten ing Surakarta saking Kartasura, amargi wonten ing Kartasura karaton dipunpérang déning tiyang Cina, pangéran Mangkubumi duka lan mbaléla, amargi tlatahipun dipunsudani kathah sanget, lajeng perang mungsuhi karaton Surakarta. Nalika perang, Pangéran Mangkubumi dipunbiyantu déning para pangéran sanèsipun, ingkang ugi boten remen panggalihipun. Kadosta Pangéran Mangkunagara (Samber Nyawa), panjenenganipun dipundadosaken sénopatining perang.
Patrapipun perang, Pangéran Mangkubumi sarana neluk-neukaken tlatah manca-nagari saha pasisir. Nanging, wonten ing salebeting perang Pangéran Samber nyawa misah saking Mangkubumèn, ugi malah dados mungsuhipun. Kadadosan punika amargi kekalihipun péngin dados raja tunggal. Pangéran Sambernyawa dados saingan ingkang awrat déning Pangéran Mangkubumi anggènipun pikantuk panjurung saking èlit Jawi, amargi nalika dipunpendhet suwanten antawisipun Pangéran Sambernyawa saha Pangéran Mangkubumi, ingkang pikantuk panjurung kathah inggih punika Pangéran Sambernyawa. Ningali kawontenan punika, Pangéran Mangkubumi kaliyan prajuritipun nyerang Pangéran Sambernyawa nganggé gegaman. Nanging Pangéran Mangkubumi kaliyan prajuritipun kalah, amargi Pangéran Sambernyawa sekti sanget. Salajengipun, Pangéran Mangkubumi ngginakaken cara ingkang licik, inggih supados pikantuk separo karaton Mataram. Cara kanthi licik punika nyuwun dhumateng Semarang supados maringi seeparo kuwasanipun Mataram, panjenenganipun damel prajanjèn badhé setia saha sembah sujud dhumateng Walandi sarta kersa biyantu Surakarta kaliyan Walandi anggénipun mejahi Pangéran Sambernyawa. Minangka tali prajanjèn ingkang énggal antawisipun bekas mungsuh punika, pramila Pangéran Mangkubumi maringakên garwanipun, inggih Radèn Ayu Rêtnosari saking Sukawati dhumateng Walandi utawi VOC. Pangéran Mangkubumi saèstu dados raja tunggal, kanthi asma Sultan Hamêngkubawana I wonten ing tlatah énggal ingkang dipunwastani Yogyakarta.
Wusananing perang, tanah Jawi lajeng binagi. Pangéran Mangkubumi jumeneng nata ing tanah Mataram, lan paring nama karaton Ngayogyakarta, ajejuluk Kangjeng Sultan Hamengkubuwana I.
Ingkang dados bala Kangjeng Sultan ingkang énggal punika ingkang paling sektos, inggih punika Kangjeng Gusti Mangkunagara, sadurungé pisah, Adipati Puger (Martapura), Tumenggung Prawiradirja, Tumenggung Suryanagara (Suwandi) lan liya-liyané.
Saking pamrayoginipun Kumpeni, ingkang kala punika ngréncangi karaton Surakarta, Pangéran Mangkunagara kapurih teluk ing Surakarta; kalampahan, lajeng jumeneng Mangkunagara I. Bibaripun perang sampun jamanipun Sunan Pakubuwana III.
Babad Giyanti punika isinipun visi Ki Yasadipura prakara palihan nagari punika.